

Giritontro kalebet tlatah Kab. Wonogiri Jateng, rumiyin ing tengahipun nate ngalir "Bengawan Solo". Nalikanipun proses tektonisme awujud pengangkatan ( "uplift") dasar samudro kidul milo dumadi pagunungan kidul ingkang suwaunipun dasar samudro. Dene Bengawan Solo lajeng mbalik arah tumuju wilayah ngetan . Selajengipun Kawasan Giritontro dados lembah mati kang kawentar dipun sebut dening ahli geomorfologi minongko "The Death Valley of Giritontro". Menawi dipun priksani saking nginggil/angkoso, taksih ketawis tilasipun Bengawan Solo ingkang arupi kali mati ingkang bermuara ing sekitar wilayah Sadeng Gunung Kidul DIY.
